Sabtu, 26 November 2016



SEPATU ANYAR
                                                                                                                       
Dino minggu isuk Eka lan ibune menyang pasar tuku sayuran. Ing pasar Eka kepingin sepatu anyar. Sepatune Eka pancen wis jebol lan ora pantes digawe. Eka saking keluarga sing ora mampu, bapake mung kerja dadi tani ing sawahe tonggone lan ibune mung dadi tukang ngumbah klambi ing desane. Terus Eka njaluk sepatu menyang ibune.
“Bu, kula kepingin sepatu anyar, sepatu kula sampun jebol”, njaluke Eka marang ibune.
“Ibu ora duwe duwit, Ka. Iki duwite arep enggo tuku sayur tok”, jawabe ibune sing melas karo Eka.
            Senajan ora ditukokake Eka tetep meneng nerimo. Eka kuwi ngerti angger kehidupane rekasa, enggo mangan wae kurang opo maneh tuku sepatu anyar.
            Sakwise saking pasar lan tuku sayuran Eka lan ibune bali menyang omahe sing koyok gubug tapi tetep rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan. Omahe saking pring sing dianyam lan atape wis rapuh dipangan rayap, nanging ngarep omahe akeh wit kembang sing pada mekar.
            Senajan Eka saking keluarga sing ora mampu, nanging bapake pingin Eka dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi. Bapake ora kecewa amarga Eka termasuk siswa sing pinter ing sekolahane. Eka sak iki kelas XI.
            Ing sekolahane Eka melu lomba Cerdas Cermat sing dianakake SMA. Iki kesempatane Eka supaya ora iso tuku sepatu anyar tanpo njalok nang wong tuwane.
            Wingine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali bali kerja mareki Eka.
“Ka, kowe kudu dadi wong sing berguna lan ngelebihi bapak sing mung dadi buruh tani”, ngendikane bapake Eka.
“Inggih pak, kula kajeng usaha”, jawabe Eka marang bapake.
            Esuk-esuk sing atis banget Eka wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo nang sekolah. Eka tangi esuk-esuk amarga Eka arep melu lomba Cerdas Cermat sing dianakake SMA. Sawise siap Eka pamitan karo wong tuwane.
“Pak, Bu, kula badhe sekolah. Moa-moga kula saged dados juara lomba lan saget mundut sepatu anyar”, pamitane Eka karo salaman marang wong tuwane.
“Ya, Amin. Ati-ati ya ka”, ngendikane bapake.
            Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya sekolah. Ing sekolah uga dipasang umbul-umbul werna-werni, tembok sekolah wis dicet werna ijo sing apik.
            Ing lomba Eka bisa njawab soal sing diwacakake dewan juri nganti bener. Kiye wektune pengumuman juara, rah disangka sing oleh juara 1 kuwe Eka. Eka langsung nerima piala karo amplop sing isine piagam ditambah karo duwit pembinaan.
            Eka bali menyang omahe karo sumringah oleh ngonthel sepedae.
“Assalamualaikum. Bu, pak”.
“Wa’alaikum salam, ana apa Ka?”, pitakone ibune Eka.
“Bu, kula kantuk juara 1 lan Eka bakal saged mundut sepatu anyar”.
“Alhamdulillah, Ka. Anake ibu pinter temen. Ibu tambah sayang maring kowe, Ka”, ngendikane ibune sing sumringah lan bangga.
“Pokoke anake bapak lan ibu kudu dadi wong sukses lan kudu nerosake menyang perguruan tinggi”, ngendikane bapake.
“Inggih pak. Kula enggeh kepingin bangga aken bapak lan ibu”, jawabe Eka.
“Kowe tuku sepatu kapan, Ka?”, takoke ibune
“Engken sonten mawon bu”, jawabe Eka
“Yo wes ndang ados kono teros ndang mangan”, kongkone bapake
“Enggeh, pak”, jawaba Eka karo mlaku menyang kamare.
            Sore-sore sawise ados lan mangan Eka lan ibune menyang pasar tuku sepatu anyar. Ing pasar Eka milih-milih sepatu sing dikarepake. Ing jero atine Eka lega amarga wis bisa tuku sepatu anyar tanpa njalok nang wong tuwane.          




                        Created : BUDI KHARISMAWATI
                                         NUR FITRIANI
                        


















Tidak ada komentar:

Posting Komentar