SEPATU ANYAR
Dino minggu isuk Eka lan ibune menyang pasar tuku sayuran.
Ing pasar Eka kepingin sepatu anyar. Sepatune Eka pancen wis jebol lan ora
pantes digawe. Eka saking keluarga sing ora mampu, bapake mung kerja dadi tani
ing sawahe tonggone lan ibune mung dadi tukang ngumbah klambi ing desane. Terus
Eka njaluk sepatu menyang ibune.
“Bu, kula
kepingin sepatu anyar, sepatu kula sampun jebol”, njaluke Eka marang ibune.
“Ibu ora
duwe duwit, Ka. Iki duwite arep enggo tuku sayur tok”, jawabe ibune sing melas
karo Eka.
Senajan ora ditukokake Eka tetep
meneng nerimo. Eka kuwi ngerti angger kehidupane rekasa, enggo mangan wae
kurang opo maneh tuku sepatu anyar.
Sakwise saking pasar lan tuku sayuran
Eka lan ibune bali menyang omahe sing koyok gubug tapi tetep rapi angger
disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan. Omahe saking pring sing
dianyam lan atape wis rapuh dipangan rayap, nanging ngarep omahe akeh wit
kembang sing pada mekar.
Senajan Eka saking keluarga sing ora
mampu, nanging bapake pingin Eka dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti
perguruan tinggi. Bapake ora kecewa amarga Eka termasuk siswa sing pinter ing
sekolahane. Eka sak iki kelas XI.
Ing sekolahane Eka melu lomba Cerdas
Cermat sing dianakake SMA. Iki kesempatane Eka supaya ora iso tuku sepatu anyar
tanpo njalok nang wong tuwane.
Wingine pas Eka arep sinau lan
bapake sing nembe bali bali kerja mareki Eka.
“Ka, kowe
kudu dadi wong sing berguna lan ngelebihi bapak sing mung dadi buruh tani”,
ngendikane bapake Eka.
“Inggih pak,
kula kajeng usaha”, jawabe Eka marang bapake.
Esuk-esuk sing atis banget Eka wis
tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo nang sekolah. Eka tangi esuk-esuk
amarga Eka arep melu lomba Cerdas Cermat sing dianakake SMA. Sawise siap Eka
pamitan karo wong tuwane.
“Pak, Bu,
kula badhe sekolah. Moa-moga kula saged dados juara lomba lan saget mundut
sepatu anyar”, pamitane Eka karo salaman marang wong tuwane.
“Ya, Amin.
Ati-ati ya ka”, ngendikane bapake.
Tibaning sekolahan Eka deg-degan
amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya sekolah. Ing sekolah uga
dipasang umbul-umbul werna-werni, tembok sekolah wis dicet werna ijo sing apik.
Ing lomba Eka bisa njawab soal sing
diwacakake dewan juri nganti bener. Kiye wektune pengumuman juara, rah disangka
sing oleh juara 1 kuwe Eka. Eka langsung nerima piala karo amplop sing isine
piagam ditambah karo duwit pembinaan.
Eka bali menyang omahe karo
sumringah oleh ngonthel sepedae.
“Assalamualaikum.
Bu, pak”.
“Wa’alaikum
salam, ana apa Ka?”, pitakone ibune Eka.
“Bu, kula
kantuk juara 1 lan Eka bakal saged mundut sepatu anyar”.
“Alhamdulillah,
Ka. Anake ibu pinter temen. Ibu tambah sayang maring kowe, Ka”, ngendikane
ibune sing sumringah lan bangga.
“Pokoke
anake bapak lan ibu kudu dadi wong sukses lan kudu nerosake menyang perguruan
tinggi”, ngendikane bapake.
“Inggih pak.
Kula enggeh kepingin bangga aken bapak lan ibu”, jawabe Eka.
“Kowe tuku
sepatu kapan, Ka?”, takoke ibune
“Engken
sonten mawon bu”, jawabe Eka
“Yo wes
ndang ados kono teros ndang mangan”, kongkone bapake
“Enggeh,
pak”, jawaba Eka karo mlaku menyang kamare.
Sore-sore sawise ados lan mangan Eka
lan ibune menyang pasar tuku sepatu anyar. Ing pasar Eka milih-milih sepatu
sing dikarepake. Ing jero atine Eka lega amarga wis bisa tuku sepatu anyar
tanpa njalok nang wong tuwane.
Created : BUDI KHARISMAWATI
NUR FITRIANI